Diberdayakan oleh Blogger.
RSS

Pawartos Ngayogyakarta

PAWARTOS NGAYOGYAKARTA



PEMBUKAAAN

Kepanggihan maleh saklebeting acara “Pawartos ngayogyakarta” sesarengan kalian kula Dini Nur Lathifah . Ing siang puniko bade katur reronce ning pawartos sosial , kabudayan ingkang migunani lan merakyat . Pawartos ingkang bade katur antawisipun : Stasiun Tugu Yogyakarta  bade dipun renovasi , 6 kecamatan  ing kabupaten Bantul rawan sesakit demam berdarah , Regi gendis pasir mandap , Para warga ing Kec.semin Kab. Gunung Kidul taksih nyukai dhaharan tradisional , lan Wekdal kangge ujian nasional dimajengaken dados wulan Maret .
  Siaran pawartos nga-Yogyakarata saget dipun pidangetaken lumantar radio  BUDAYAN SUARA JOGJA 91 , 9 FM
Para pamirsa sumangga dipun semak jangkeping pawartosipun : 



PAWARTOS 1

STASIUN TUGU YOGYAKARTA BADE DIPUN RENOVASI


                        Reporter Studio :  Para bakul ing stasiun TUGU Yogyakarta kuwatos bade dipun kiwoasuhan dening PT . KERETA API  YOGYAKARTA PARIPURNA sinaoso renovasi dijadwalaken  bade kalampahaken tanggal 1 Februari mbenjang , nanging ngantos sakmangkeh para bakul dereng gadah sulihing papan kangge sadean sauntawis wekdal sakmeniko lampah renovasi kasebat .
                       Reporter Lapangan  :  Sinaoso jadwal renovasi bade kawiwitan tanggal 1 februari mbenjing , para bakul lami ing stasiun TUGU Yogyakarta  sampun katah ingkang disambat , ngantos sakmangkih para bakul meniko dereng pikantuk sulihing papan kangge nggelar dagangan saklampahing renovasi puniko . Miturut para bakul renovasi ingkang dijadwalaken tigang wulan lawase meniko kawawas bade nyudo pendapatipun . Miturut Karto salah satunggaleng bakul : Para kadang bakul lami kuwatos manawi mbenjing dipun kiwoaken . Mujiyati bakul ingkang sampun 20  tahunan sade sekul gudeg ing mriku uga gadah panemu ingkang sami , miturut Mujiyati ing lampah renovasi sakmangkeh PT . KERETA API mboten paring fasilitas punopo kemawon sak-lebet sulihing papan kangge sadean , para kadang bakul uga kedah sampun ninggalaken papan meniko sakderengipun 1 Februari mbenjing .


PAWARTOS 2

6 KECAMATAN ING KABUPATEN BANTUL RAWAN SESAKIT DEMAM BERDARAH




                       Reporter Studio :  Ngantos tahun 2010 meniko kabupaten Bantul taksih ngadepi ancaman  sesakit Demam Berdarah Dengu utawi DBD . Kirang wigatosipun masyarakat kangge njagi wewengkon gesang , dipun dugi njalari tumbuhipun sesakit Demam Berdarah .  Keporo Dinas Kesehatan Kabupaten Bantul netepaken 6  kecamatan ing Bantul minangka daerah rawan  DBD .

                       Reporter Lapangan  :  Kepala Dinas Kesehatan Kabupaten Bantul Siti Nur Zaenab mratelakaken   Awit winatosipun anggaran APBD ing tahun 2010 meniko , Dinas Kesehatan  kapeksa mangkas anggaran transportasi kangge relawan Juru pemantau  jentik utawi  JUMANTIK  ,  sakmangka 6 kecamatan ing  kabupaten Bantul  taksih dipun perlakaken perawat Demam Berdarah , awit saking meniko Dinas Kesehatan bade koordinasi kaliyan masyarakat supados sami nggladi ing wewengkon gesang . Sebab ugi kaajab mujudi program JUMANTIK mandiri kluarga ingkang sampun dipun kedining PEMKAB Bantul Ing dinten Jumuwah kala wingi . Kecamatan ingkang rawan DBD kasebat antawisipun inggih punika Kecamatan Bantul , Kecamatan Sedayu , Kecamatan Sewon , Kecamatan Buyungan , Kecamatan Kasihan , lan Kecamatan Banguntapan . Para pamong desa ugi kaajab tumut ngregonakaken masyarakat kangge reresik wewengkon sakiwa tengenipun .
  

PAWARTOS 3

REGI GENDIS PASIR MANDAP



                       Reporter Studio :  Gendis pasir ingkang sakkawis reginipun nggayuh 11.000 rupiah saben kilo nipun , sampun sakuntawis dinten meniko reginipun inggih mandap . Sinaoso mekaten reginipun  wos sakmangkeh mindak nggayuh 6.000 ngantos 7.000 rupiah saben kilo nipun .

                       Reporter Lapangan  :  Mandap-ipun  regi gendis pasir ing pekenan ndamel leganipun masyarakat . Saking hasil panema ing peken Sentolo , Kulonprogo meniko enjing regineng gendis pasir mandap 500 rupiah , gendis pasir ingkang sakkawis reginipun 11.000 rupiah sakmangkih mandap dados 10.500 rupiah . Sinaoso regi gendis pasir mandap , ananging regining wos lan lisah goreng mindak .
                       Contonipun wos jenis  “C 64 super” ingkang sakkawis reginipun 5.200 rupiah sakmangkih mindak dados 6.200 rupiah saben kilo nipun . Ananging wos “Mutu Madyo” ingkang sakawis reginipun 4.700 rupiah mindak dados 6.000 rupiah saben kilo  . Regining wos jenis “Mentik Wangi” nggayuh 7.000 rupiah saben kilo nipun  .
                        Kajawi meniko lisah goreng curah ingkang sakkawis reginipun sakderengipun 8.500 rupiah mindak dados 9.200 rupiah saben liter-ipun . Kajawi meniko bahan bakuning  gandum  jenis “pucung” reginipun kapetang pokok . Ananging regining ayam pilihan   ingkang sakkawis 20.000 rupiah mandap dados 17.000 rupiah saben kilo nipun .


PAWARTOS 4 

PARA WARGA ING KECAMATAN SEMAN KABUPATEN GUNUNG KIDUL



TAKSIH NYUKAI DHAHARAN TRADISIONAL



                       Reporter Studio :  Pangrembakaneng jaman meniko , dhaharan modern  ngrembaka ing madya-ning  masyarakat . Warga ing kecamatan Semin ing kabupaten Gunung Kidul tetep nyukahi dhaharan tradisional lan ndadosaken dhaharan meniko menu unggulan ing papan kasebat . Dhaharan meniko ugi ngandhut gizi ingkang sae lan ageng .   

                       Reporter Lapangan  :  Pangrembakaning dhaharan instan ing masyarakat , pranyata mboten nyurutaken masyarakat ing kecamatan Semin kangge ngrembakaken dhaharan tradisional minangka ingkang wonten ing papan meniko ,  masakan kasebat inggih puniko saget katampi ing masyarakat .
                        Uri – uri inggih meniko : tape , bothok ,  gaplek , tiwul , lan buntil . Dhaharan tradisional ing kecamatan Semin punika kajawi dipun ngrembakaken , ugi dipun sade ing peken . Kanti mekaten para masyarakat ingkang bade ndhahar dhaharan kasebat saget dateng peken kemawon mboten kedah masak kiyambak  , maneko dhaharan tradisional kadasta bothok , ngantos tiwul kasebat wonten ing peken meniko  . Dhaharan meniko inggih dhaharan tradisional masyarakat ing kecamatan kasebat .

PAWARTOS 5

UJIAN NASIONAL DIMAJENGAKEN DADOS WULAN MARET KANGGE



SMK \ SMU \ SMA \ STM


                        Reporter Studio :  Ujian nasional puniko dipun majengaken wulan Maret .  Njalari para kepala sekolah lan para guru kedah  makarya langkung sengkut . Kadasta ingkang dipun lampahaken dening SMK 1 PENGASIH Kulon Progo meniko . Kajawi nyemak kepinteran siswa-nipun , pihak sekolah ugi nyimak kajiwinipun para siswa .

                        Reporter Lapangan  :  Miturut kepala sekolah ing SMK 1 PENGASIH Kulon Progo , pihakipun sampun nindakaken kejaosan kangge  ngadepi ujian nasional ingkang bade dipun majengaken ing wulan maret 2010 , manawi panjenenganipun ujian nasional dipun gelar ing wulan April . Ing sakmangkih ujian nasional dipun gelar ing wulan Maret . Kecawisan sampun dipun lampahaken dening SMK 1 PENGASIH antawisipun : ndapuk tim sukses ujian nasional , sarta nyemak babagan akademik lan  , kajiwanipun para siswa .
            Ing wulan Februari mangkih SMK 1 PENGASIH bade nggelar donga sesarengan  kanti pangajab supaya ujian nasional saget  lumampah kanthi sae . Para siswa dipun tikelaken sangunipun . Materi pelajaran sampun karampungaken wonten ing semester gasal . Keporo sampun ujian semester siswa SMK 1 PENGASIH sampun mlebet 1 minggu sakderengipun siswa SMA sakliyanipun mlebet . 
            Para guru ngarep para siswa-nipun saget lulus sedaya lan kanti biji ingkang sae .



PENUTUP

Sakmenika jangkeping Pawartos Ngayogyakarta surya kaping 12 januari 2010 . Sedaya kanca ingkang  makarya lan kula Dini Nur Lathifah ngaturaken agunging panuwun awit kawigatosan panjenengan . Salam Indonesia ….

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar

Mohon berkomentar yang baik dan sopan yaa.. Terima kasih :3